ADIGANG ADIGUNG ADIGUNA
Oleh: Dra. Mamik Minarti
Bangsa
Indonesia, mligine kang urip ing bebrayan Jawa nduweni rerasa kang alus sarta
tenggang rasa kang dhuwur. Mula saka iku dheweke ora nyenengi wong kang
gumedhe, yaiku wong kang congkak, pongah, takabur, ngunggul unggulake awake
dhewe kanthi linuwih lan ngremehake wong liya. Ing bebrayan agung Jawa, watak
kang kaya mangkono iku dianggep watak kang ala lan sabisa bisa didohi amarga
bisa ndadekake memala ing bebrayan agung.
Miturut
wong Jawa, wong kang gumedhe iku nduweni watak kayadene unen-unen “Adigang
Adigung Adiguna”. Tegese, watak ngunggul unggulake kakuatan, kaluhuran lan
kapinteran kang diduweni.Paribasan iki ngelingake menawa kaluwihan kang
diduweni sawijining wong iku kerep ndadekake wong iku dadi gumedhe, lan ing
pungkasane ndadekake memala tumrap dheweke lan wong liya.
Sejatine
kaluwihan kang diduweni wong iku bisa “migunani” lan bisa uga “mbebayani”. Bisa
migunani manawa digunakake kanggo kabecikan, nanging bisa mbebayani manawa
digunakake kanggo tumindak kang ala.Tuladhane, barang kang landhep kaya dene
peso, arit, bendho lan liya liyane. Peso iku pancen kudu landhep supaya gampang
kanggo ngiris daging utawa sayur nalika masak. Nanging, yen carane nggunakake
sembrana bisa natoni driji. Luwih saka iku, amarga landhep, kuat lan lancip,
peso bisa disalahgunakake kanggo mateni wong.