JAVAMANIA



ADIGANG ADIGUNG ADIGUNA
Oleh: Dra. Mamik Minarti

Bangsa Indonesia, mligine kang urip ing bebrayan Jawa nduweni rerasa kang alus sarta tenggang rasa kang dhuwur. Mula saka iku dheweke ora nyenengi wong kang gumedhe, yaiku wong kang congkak, pongah, takabur, ngunggul unggulake awake dhewe kanthi linuwih lan ngremehake wong liya. Ing bebrayan agung Jawa, watak kang kaya mangkono iku dianggep watak kang ala lan sabisa bisa didohi amarga bisa ndadekake memala ing bebrayan agung.
Miturut wong Jawa, wong kang gumedhe iku nduweni watak kayadene unen-unen “Adigang Adigung Adiguna”. Tegese, watak ngunggul unggulake kakuatan, kaluhuran lan kapinteran kang diduweni.Paribasan iki ngelingake menawa kaluwihan kang diduweni sawijining wong iku kerep ndadekake wong iku dadi gumedhe, lan ing pungkasane ndadekake memala tumrap dheweke lan wong liya.
Sejatine kaluwihan kang diduweni wong iku bisa “migunani” lan bisa uga “mbebayani”. Bisa migunani manawa digunakake kanggo kabecikan, nanging bisa mbebayani manawa digunakake kanggo tumindak kang ala.Tuladhane, barang kang landhep kaya dene peso, arit, bendho lan liya liyane. Peso iku pancen kudu landhep supaya gampang kanggo ngiris daging utawa sayur nalika masak. Nanging, yen carane nggunakake sembrana bisa natoni driji. Luwih saka iku, amarga landhep, kuat lan lancip, peso bisa disalahgunakake kanggo mateni wong.
Paribasan adigang adigung adiguna iki ana sesambungane karo pitutur “Aja Dumeh” kang tegese aja mamerake apa kang diduweni kanggo ngremehake wong liya. Tuladhane, aja dumeh sugih banjur nggunakake sugihe kanggo tumindak kang sawenang-wenang. Amarga bandha iku ora lestari lan sawektu-wektu bisa ilang. Aja dumeh kuwasa banjur tumindak sakarepe dhewe, lan sapiturute. Sakabehe kang diduweni manungsa iku amung titipan saka Gusti Kang Maha Kuasa, lan ora bakal langgeng. Tanpa ridhane Gusti, manungsa ora bakal bisa nduweni.
Isih akeh filsafat-filsafat Jawa liyane kang ngandhut pitutur adiluhung lan bisa migunani tumrap urip ing bebrayan agung. Siji kang perlu dadi pangeling-eling, nyinau kabudayan sawijining dhaerah iku ora ateges awake dhewe dadi rasis utawa fanatik kedhaerahan, nanging iku kabeh pinangka wujud tanggung jawabe awake dhewe tumrap tinggalane nenek moyang. Nglestarekake kabudayan dhaerah ora mung tanggung jawabe warga dhaerah kasebut, nanging uga dadi tanggungjawabe bangsa.Bangsa kang agung ora mung bangsa kang bisa urip kanthi modern, nanging uga bangsa kang bisa urip modern tanpa ninggalake ajaran lan nilai luhur budayane.
                                                                                                                               

Tidak ada komentar:

Posting Komentar